Para sederek Kaum Muslimin Rahimakumullah.
Khutbah Jumät: Katentreman Dunyo lan Akherat Minangka purwakaning atur mangga kita sesarengan ngunjukaken syukur dateng ngerso dalem Allah, awit sampun peparing kanugrahan lan nikmat ingkang tanpa kawical wical, langkung langkung rahmat kawilujengan lan yuswa panjang dateng kita sedaya, sahingga siang punika kita tasih saget menangi malih dinten jumat, lan saget makempal ing masjid punika kanti tanpa manggih rubeda satunggal punapa.
Saklajengipun keparenga kula ngajak dateng awak kula piyambak lan panjenengan sedaya, mangga tansah sami netepi taqwa lan ajrih dateng Allah ing sakdengah kawontenan, sami ugi wonten ing kawontenan bingah utawi sisah, longgar jembar utawi rupeg, kawontenan rame utawi sepi, terang terangan utawi sesideman, kanthi tansah nindakaken perintah lan nebihi sedaya cegah lan awisanipun Allah, supados kita tansah pinaringan kabegjan dunya ngantos akhirat saking ngerso dalem Allah Subhanahu wa Ta’ala , Kados dawuhipun Allah :
إِنَّ اللَّهَ مَعَ الَّذِينَ اتَّقَوْا وَالَّذِينَ هُمْ مُحْسِنُونَ
“Temenan Allah iku tansah anyertani wong kang pada taqwa lan wong wong kang pada agawe becik” . (QS. An Nahl :128).
Para sederek Kaum Muslimin Rahimakumullah.
Manawi kita setitekaken kawonttenan gesangipun manungsa ing donya punika kenging kita umpamakaken kados dene tiyang kekesahan ingkang tebih nyabrang seganten ingkang kebak ombak nuju dateng pantai bahagia ingkang dipun idham-idhamaken.
Baca Juga :
Sedoyo tiang gadah pengangen-angen supados anggenipun gesang ing dunya saget anggayuh ketentreman saha kabegjan ngantos wonten ing akhirat sakmangke. saking puniko kito kedah memahami kanti leres bilih ingkang dandos sumber katentreman lan kebahagian meniko mboten saking kathipun bondo donyo, kendaraan ugi bale griyo. ananging sumber katentreman saha kabegjan meniko wonten ing manah saben tiyang. menawi kito gatosaken sak kelilingipun kito bade nemokaken bilih katah ingkan gadah bondo donyo melimpah ananging dewekipun mboten saget ngraosaken kabegjan , ketentreman lan kedamaian ing manahipun, keporo malah sak walikipun malah ngraosaken manah ingkang mboten tenang.
saking meniko kito kedah gatosaken manah kito supados tetep tentrem lan bahagia.
Supados kita saget anggayuh gesang ingkang bahagia tentrem lan slamet donyo akhirat pramilo kedah berusaha nindakkaken amalan ingkang saget dumugekaken katentreman gesang lan kabegjan dunyo akhirat.
- Iman Lan Amal Shaleh
Sebab ingkang paling pokok lan paling utami supados kito saget anggayuh ketentreman lan kabegjan dunyo akhirat inggih puniko kanti Iman lan nindakkaken amal shaleh ingkang sampun diprentahaken Allah saha Rasulipun.
Allah berfirman,
مَنْ عَمِلَ صَالِحًا مِنْ ذَكَرٍ أَوْ أُنْثَىٰ وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَلَنُحْيِيَنَّهُ حَيَاةً طَيِّبَةً وَلَنَجْزِيَنَّهُمْ أَجْرَهُمْ بِأَحْسَنِ مَا كَانُوا يَعْمَلُونَ
- An-Nahl : 97
saking ayat kolo wau nedahaken bilih Allah bade paring balasan dumateng tiyang ingkan iman lan nindakkaken amal shaleh keranten Alloh bade dipun paringi hayah toyyibah . artosipun dipun paringi manah ingkang tenang lan tentremipun jiwo. Alloh paring kanugrahan Rizki ingkang halal saking arah ingkang mboten songko-songko.
- Ilmu ingkang bermanfaat
Kanti ilmu kito bade saget mbentenaken pundi ingkang haq lan pundi ingkang bathil. sahinggo kito saget mlampah wonten dalan ingkang haq lan dumugekkaken katentreman lan kebahagian ingkang haqiqi.
- Akhlaq Mulia
kanti Akhlak ingkang sae, tindak tanduk budi pekerti ingkang sae kito bade ngraosaken pagesangan ingkang tentrem lan dadosaken kito gesang kanti bahagia.benten malih menawi kito gadah akhlaq ingkang awon, remen damel memengsahan, menawi mekaten bade dadosaken panggesangan ingkang sempit, manahipun mboten tenang lan mboten saged ngraosaken kebahagian.
- Syukur nikmat lan dzikrulloh (enget dateng Allah)
Kanti syukur nikmat Alloh bade nambah nikmat ingkang dipun anugrahaken dateng kito, lan kanti syukur nikmat manah kito saget tenang. lan ugi kito ngatahaken eling dumateng Alloh. kanti tansah enget dateng Allah, Allah bade nurunaken rahmatipun.
- Manjataken Doa / nyuwun dumateng Allah
kados Doa ingkang dipun ajaraken Rasulullah
Mekaten khutbah wonten ing siang puniko, mugi wonten manfaatipun lan saget ningkataken iman soho taqwa kito panjenengan sami. Amin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرّحِيْمِ